Biyen ana kandha yen wis mulih saka paran Paijo bakal nembung Surti. Yen wis mlumpuk golek dhuwit saka kerja ngrantau. Yen wis cukup celengane. Kaya ngono ikrare Paijo biyen.
Mulih saka Jakarta wis ora tahan ngampet kangene marang Surti. Cah loro dolan bareng menyang taman ria.
Sadina wutuh cah loro wegah mulih amarga saka kangene.
Cah loro padha ketamane asmara. Paijo ngajak Surti nginep hotel. Surti manut wae. Wong tuwane Surti sajake uga ikhlas kayata wis pesthi yen jodhone Surti kuwi genah Paijo.
Neng hotel ya mesti ora mung trima mangan lan turu. Paijo uga normal sak normal-normale lan Surti, cah wedhok wis gedhe, ora nolak Paijo sing ngajak jimak.
Mulih saka hotel, Paijo ketekan dayoh neng ngomahe. Pak Wagiman ngajak nyambut gawe Paijo menyang pedalaman Kalimantan nggarap mejid ana kana. Dhuwite lumayan gedhe tur gaweyane ora suwe, telung sasi mesti rampung. Sedina dibayar satus ewu, lipet pindhone bayaran ana ing Jawa.
Paijo mikir. Dheweke wis saguh mbakal nembung Surti akhir wulan iki. Lan sak teruse mesthi ngrembug goleg dina sing apik.
“Pripun nggih Pak? Kula sampun saguh ajeng nembung Surti akhir wulan niki.”
“Kowe rak bisa alesan to. Surti ora bakal mlayu. Lha rak wis dadi sisamu to?” semaure Pak Wagiman kanti nggleges. Sajake wis jamak ngerti yen Surti karo Paijo kuwi runtang-runtung kaya wis dadi bojone. Pancen adat bubrah kaya ngene wis jamak ana ngendi wae, ora mung kutha ning desa uga ngono.
“Piye? Iya jawabe iya, yen ora aku tak golek liyane. Nanging aku nyaranke kowe, eman-eman yen mbok tulak. Isa dadi celengan sakwise kowe rabi.”
Paijo ngukur-ngukur sirahe sing ora gatel. Dheweke mikir.
“Yen cah pinter ora bakal nulak kesempatan emas kaya ngene ki. Eman-eman banget.”
“Nggih kula sedya tumut Pak. Mangke kula sajar riyen kalih Surti.”
“Lha ngono, dadi wong lanang kuwi kudu gedhe atine. Rasah susah-susah mikir bab wong wedok. Yen jodho ora bakal mlayu.”
Paijo dadi mantep karo kandhane Pak Wagiman. Sore kuwi Paijo dolan menyang omahe Surti. Neng ngarepe Surti lan bapak ibune, Paijo kandha yen dheweke arep lunga adoh menyang Kalimantan nggarap proyek mejid.
“Nggih niki kangge celengan kula mangke sakbibare nikah pak bu…”
Bapak ibune Surti ya ora bisa kandha apa-apa. Wis manut karo cah loro kuwi. Nanging Surti mbrabak mripate. Dheweke wis ngampet suwe. Nanging arep tiba datane kok malah ana-ana wae. Tur dheweke wis mutah-mutah wingi sore. Alamate yen dheweke kuwi wis isi. Nanging diampet arep kandha marang Paijo. Pas bapak ibune lunga, Surti lagi wani kandha saktenane.
“Mas, kula sampun isi.”
“Lho kok cepet banget ta.”
Surti mrengut.
“Maksudku ora ngono Dhik. Nanging piye, aku wis kebacut saguh mangkat ki. Sabar sik ya.”
“Nanging kowe kudu eling mas. Aja selingkuh marang wong wedok liya ana kana.”
“Tenang. Papan pagaweyanku ana pedhalaman Kalimantan kana, apa ana wong wedok sing luwih ayu saka kowe neng kana? Anane macan apa lutung. Mosok aku gelem karo lutung wedok?”
“Pokoke ora oleh neka-neka. Yen bayaran aja dinggo main.”
“Tenanga wae. Aku iki nggarap mejid. Amal soleh. Muga-muga bisa dadi berkah kanggo aku lan kowe.”
Surti dadi ayem arepa sakjane atine rada gela ningkahe dadi wurung maneh amarga Paijo arep nglembara menyang Kalimantan.
***
Paijo lan sak rombongan mangkat numpak montor mabur. Sak umure Paijo durung pernah numpak pesawat. Iki lagi pengalaman sepisan. Bocah kuwi nganti wegah turu neng montor mabur amarga pengin namatke tenanan rupane montor mabur kuwi.
Perjalanan menyang Kalimantan ora suwe. Sakjam wis tekan Kalimantan. Nanging yen arep neng pedhalamane kudu numpak carteran sing adohe patang puluh lima kilometer.
Dalane ngliwate alas peteng lan runggut. Omah warga arang-arang. Yen ana desa ya mung sithik banget. Jarene sing urip ana pedhalaman kuwi suku Dayak. Suku Dayak saiki wis beda karo suku Dayak biyen. Suku Dayak jaman saiki wis nganggo klambi lan rata-rata omahe apik-apik ana ing pedalaman kuwi.
Paijo medhun ana pedalaman sing arane daerah Kolakole, Kalimantan Timur. Rong kilo karo pedhalaman kuwi wis cedhak karo pesisir Selat Jawa. Kabeh rombongan nginep ana ngomahe Pak RT Sadikan. Lan ndelalah wae Pak RT kuwi asale saka Jawa nanging wis pirang puluh tahun ana ing pedhalaman Dayak kono. Anake ana loro. Siji lanang lan siji wedok. Sing lanang kerep saba neng alas nyambut gawe tebang kayu didol menyang kutha. Menawa anake wedok ana ngomah. Sing anake wedok iki sing marai nggumun sak rombongan. Jenenge Rumini, bocahe ayu lan kenes. Umure lagi ngancik 21 tahun. Lan amarga ora kerep kepethuk bujang saka paran, bocah kuwi tambah kemayu sakuwise anane rombongan kuwi.
dipasang ana harian solo pos