Paijo cidra tresna (II)


Bocah-bocah rombongan saka Jawa dadi krasan ana ngomahe pak RT. Tanggapan kulawargane Pak Sadikan uga semanak banget. Saya suwe pasrawungane wong sakrombongan cepet banget rakete.
Apa maneh yen ana Rumini. Bebasan witing tresno jalaran saka kulina, Rumini dadi seneng marang Paijo. Pak RT Sadikan sajake ora nggondheli manawa Rumini gandheng karo Paijo.

Karepe Paijo sakjane mung biyasa wae, dianggep panglipur. Lan sarane Pak Wagiman, ora apa-apa kanggo nggangsarake rerakatene karo wong pedhalaman kono. Telung sasi wae, ora suwe, mangkgono jarene Pak Wagiman.

Ora krasa pambangunan mejid wis kari ngethungi dina. Seminggu maneh dikira-kira mesthi rampung. Mejid sing meh rampung iku katon magrong-magrong lan endah. Wernane biru, jobine tegel abang lan gendhenge ijo. Pelatarane amba dikupengi pager tembok sing dhuwur diwerna putih resik.

Paijo kandha karo Rumini yen dheweke enggal bali menyang Jawa.

“Ayo melu aku dolan menyang Jawa, Dhik? Kowe durung tahu saba menyang Jawa ta?”

Rumini ora bisa mangsuli. Yen karepe atine pengin melu menyang Jawa. Dheweke wis kadhung tresna karo Paijo.

“Mangke teng mrika kaleh sinten.”

“Ya, karo aku…”

Karepe Rumini yen ditembung utawa dijak rabi ya gelem. Nanging Paijo sajake ora arep kandha bab ngajak rabi.

“Mboten angsal kaliyan bapak, Mas. Kudu manut adat. Yen cah wedok arep lungan karo wong lanang kudu diningkah dhisik.”

“Ah, rasah ngono. Iki rak mung dolan. Mengko yen krasan, ya nggolek gaweyan utawa sekolah neng kana. Ora usah kudu rabi dhisik.”

Karepe Paijo supaya dheweke bisa medhot Rumini. Sebab bisa dadi gegeran yen nganti konangan Surti. Mesthi dadi perang paregrek kapindho.

“Lha panjenengan tresna aku mboten Mas?”

Mag dheg atine Paijo. Pitakonan iki sing diwedheni.

“Awake dhewe iki lak lagi proses tetepungan ta Dhik. Padha olehe etepungan iki kanggo golek cocog-orane dhisik, mongsok langsung rabi. Mengko yen kowe ngreti tibakna aku duwe pakulinan sing ora mbok senengi, terus kowe dadi gela. Tinimbang gela mburi rak luwung tetepungan dhisik ta?”

Rumini meneng wae. Bocah kuwi banjur mbrabak. Terus mlayu menyang kamar.

Paijo ora nututi. Malah seneng yen sesrawungane karo Rumini bisa pedhot. Dheweke bisa lunga saka Kalimantan. Apa maneh garapan wis beres lan dhuwite ya wis dibayar. Apa maneh dheweke uga wis kangen banget karo Surti.

Paijo wusanane mulih menyang Jawa. Pas pamitan karo Pak Sadikan lan kulawargane, Paijo ora kepethuk Rumini. Sajake Rumini nesu amarga Paijo lunga. Nanging Paijo ora nggagas. Dina kuwi dheweke lega bisa bali menyang Jawa.

***

Ditinggal Paijo Rumini nangis ora gelem meneng. Bapak ibune dadi susah. Sakjane kabeh ngreti yen nangise Rumini amarga ditinggal lunga Paijo.

“Karepmu kepiye ndhuk? Awakmu nganti kuru yen kowe nangis terus wegah mangan. Wong lanang sakliyane Paijo isih akeh.”

Nanging atine Rumini wis satus persen kanggo Paijo. Paijo kuwi tresna sing sepisane Rumini. Tresna sing sepisan kuwi ora gampang dilalekake. Nanging yen dadi gething uga angel diilangi saka ati.

“Mas Paijo sampun saguh ajeng ngrabi kula Pak.”

“Lhadalah. Kandamu bener ora ngapusi?!”

Pak Sadikan muring krungu kandhane anake wedok sing diapusi Paijo. Ora trima. Diceluk anake lanang. Dirembug bab kahanan kuwi. Karepe arep menehi pelajaran kanggo Paijo, sing wus ditulung malah menthung. Kudu diwales.

***

Paijo ana montor mabur mutah-mutah terus. Awake panas kaya geni. Sakjane pas mangkat ora ana tandha-tandha masuk angin. Kabeh kancane dadi repot ngurus Paijo. Apa maneh mutahe kuwi campur getih lan barang sing aneh-aneh. Ana silet, paku lan pines.

Kabeh dadi mikir yen iki jalaran amarga kena teluh. Iki mesthi teluhe Rumini sing dicidrani Paijo. Malah pas mudhun saka montor mabur larane Paijo tambah abot. Dhuwit celengan saka Kalimantan wis nganti entek kanggo golek tamba, nanging larane Paijo tetep durung bisa mari. Paijo sing biyen gagah lan bagus saiki kuru kari balung diwungkus kulit. Praupane sing bagus dadi rusak amarga lara binthul-binthul. Larane Paijo iku amarga kena teluhe wong Kalimantan sing digawe cidra Paijo. Nanging ana sing luwih wigati, yaiku sapa sing bakal tanggung jawab marang jabang bayi sing dikandhut Surti, sing saya suwe wetenge mundhak gedhe? Cuthel

tulisan dimuat di jagad jawa solo pos

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s