Kenal tokoh dongeng sing jenenge Abu Nawas? Mesthine padha kenal ya! Abu Nawas mujudake pawongan asal kutha Bagdad, Irak, kang kondhang pinter, lucu nanging uga jengkelake. Lucu, nggregetake, nanging akeh akale. Nganyelake, nanging tetep disenengi wong akeh merga lucu lan pinter.
Majalah PS ajeg ngemot cerita-cerita Abu Nawas iki ing saben taune. Lan kanggo mengeti ulang taune PS ing taun iki, Redaksi Nganakake LOMBA NGARANG WACAN BOCAH kanthi tema ABU NAWAS. Lomba iki bisa dieloni sapa wae, sing penting ora adoh saka kisahe Abu Nawas, pinter, lucu, nakal, bisa aweh panglipur lan ngandhut unsure pendidikan positif kanggo bocah-bocah. Crita ing lomba ngarang iki ora kudu ngangkat kisah jamane Raja Harun Ar Rasyid duk ing uni (jaman mbiyen), nanging bisa cerita carangan utawa fiksi kang mawa latar belakang fantasi uatawa khayali jaman saiki.
SYARAT LOMBA:
Naskah tinarbuka kanggo umum
Naskah ditulis ing basa Jawa, kudu asli, dudu terjemahan, sadhuran, utawa njupuk ides aka karya kang wis tau ana.
Naskah during tau dimot ing media massa..
Ide cerita bebas, asal cocog kanggokonsumsi bocah-bocah.
SYARAT TEKNIS:
Saben peserta oleh ngirim naskah luwih saka siji
Naskah diketik ing kertas utawa wujud digital . Yen diketik ing kertas ukuran folio kanthi jarak 2 spasi. Dawane tulisan maksimal 3 halaman. Yen diketik digital migunakake font Times New Roman size 12,ukuran halaman kertas A4, spasi 1.5 lan dawane tulisan 4500-5000 karakter utawa kurang luwih 2.5 halaman. Continue reading