LELAKONE PAIJO

163801_demo-buruh-pertamina_663_382
disiarake dening harian solo pos jagad jawa

Tanggal enom, tanggalane wong buruh pabrik blanjan kudune Paijo bungah atine. Nanging kasunyatan dudu kuwi sing rasakne Paijo sing kedurung-durung malah susah. Kanggo buruh pabrik sing sarwa kurang kaya dheweke, kahanan iki sing adat kalakon.
“Wingi Pak Marno sampun nagih duwit kontrakane Mas?” semaure bojone karo nduduhke memo saka Pak Marno ana kertas sesuwek. Isine tulisan : Sampun nunggak rong wulan mas duwit kontrakan. Yen taksih nunggak maleh, kontrakan bakal kula wenehake tiyang sanes!
Liyane kuwi ana tagihan warung sing kudu dibayar.
“Warunge Bu Surti sampun rong sasi dereng disaur mas. Kula mboten wani utang maneh yen dereng dilunasi dhisik.”
Paijo judeg mikir mecahne masalahe kuwi. Intine gajine dheweke ora nyukupi kanggo nyaur utang kabeh. Keporo tambah nggrantes maneh dheweke dirumahke saka pabrik triplek, papan panggonane nyambut gawe lima welas tahun kuwi.
“Niki samun kebijaksanaan pabrik mas. Pabrik kapeksa ngelongi pegawenipun. Panjenengan punika satunggalipun pegawe ingkang dipun lereni rumiyin. Menawi mangke wonten tambahan pegawe panjenengan badhe ditimbali maleh. Kula namung ngaturaken punapa ngendikane Pak Direktur. Lan niki gaji pungkasan panjenengan kaleh sekedhik arto saking pabrik kangge tali asih.”
Paijo metu kluntrang-kluntrung saka jero kantor direksi. Nasibe ora bedha karo kanca-kancane liyane. Dheweke ngerti cara licik direksi kanggo ngurangi para pegawe lawas. Wiwit mulane para pegawe lawas dirumahke nganti suwe babar blas ora ana panggilan. Mesthi wae kahanan sing ora kepenak kuwi marakne wong terus bingung. Akhire para pegawe sing dirumahke pilih metu dhewe saka pabrik golek gaweyan liya. Saka kahanan iki pabrik genah entuk keuntungan ora kudu nyangoni pegawe minangka mbayar duwit PHK.
Dheweke uga ngerti yen pabrik sakjane isih terus nambah pegawe kontrakan anyar. Rencanane kabeh pegawe lawas mau diucali siji-siji saka pabrik diganti pegawe kontrakan anyar. Pegawe kontrakan luwih gampang disetir pabrik amarga pegawe kontrakan ora duwe hak apa-apa neng pabrik umpama metu utawa dipecat saka pabrik.
Paijo bingung mikirke nasibe sak banjure saka pabrik. Duwit ora akeh kuwi mesthi wae entek yen kanggo nyaur utang kabeh. Blanja mung sakjuta ditambah duwit tali asih mung rong atus ewu wae bisa tekan ngendi?
Nanging Paijo wis pasrah. Duwit saka blanja pabrik kabeh diwenehke bojone.
“Iki kanggo nyaur utang dhisik. Umpama kurang ya tambahana dhisik yen dhuwe. Saiki aku wis ora cekel gawe ana pabrik. Dirumahke mbuh tekan sok kapan.”
“Lha terus piye mbayar sekolahe ajaran enggal Siti, Mas?”
“Aku ora ngerti! Aku ya mumet mikir kuwi.”
Bojone ora ngoyak, ngerti kahanan bojonen sing lagi susah. Terus duwit sakjuta kuwi diplayokne kanggo tuku kebutuhan sembako lan nyaur utang. Dasare duwit cupet, ana turahan mung satus ewu. Duwit satus ewu genah ora cukup kanggo butuh sesasi ngarepe.
Paijo mumet ngrasakake kahanan. Ora jenak neng ngomah dheweke metu menyang warung pengin golek angin.
Kasunyatan papan warung ana neng ndeso kuwi ora mung kanggo wong ngelih golek mangan. Warung kuwi kaya panggonan informasi para warga. Kabar-kabar sak donya sing anyar neng kono mesti ana. Saka masalah politik, artis selingkuh, nganti masalah teroris. Para warga desa kulak warta ana warung. Ora preduli warta itu goroh utawa kasunyatan.
Ndelalah kanca-kancane pabrik Paijo ya lagi mangan ana warung, yaiku Parman lan Wardog.
“Wah, dhawa tenan umurmu, Jo. Kowe lagi wae dirasani karo konco-konco,” ujare Wardog sinambi mangan blangreng.
“Ngrasani elek to?” semaure Paijo karo mrengut. Dasare wong lagi susah!
“Aja suudzon dhisik. Aku ya mudheng nasibmu sing dirumahke saka pabrik. Aku karo Wardog padha karo nasibmu, malah luwih dhisik sing dirumahke,” wangsulane Parman karo nyedot rokoke.
Paijo mung mencep. Paijo dhewe rumangsa bedha karo kancane loro kuwi. Wardog pancen seneng mbolos saka nyambut gawe. Mulane dpecat saka perusahaan. Yen Parman, bocah kuwi kulinane turu pas ana pabrik. Yen ora turu seneng nggoda pegawe wedhok liyane. Malah Parman pernah konangan selingkuh karo bojone kepala regune. Mulane akeh sing ngincim cah kuwi. Babagan iki Paijo sok nggumun. Sakjane Parman kuwi ora bagus. Kulite ireng tur lambene njeber. Nanging bocah kuwi pancen pinter ngomong gedebus, apamaneh babagan ngglembuki wedhokan.
“Piye, kowe melu ora? Iki rencanane arep demo ana DPR,” Wardog takon.
“Kaya nguyahi segara. Ora kacek demo nganti tekan DPR. Wong para pejabat kuwi ora nggagas blas kepentingane wong cilik; pilih ngurusi wetenge dhewe!”
“Sing penting usaha dhisik. Awake iki demo supaya pabrik gelem njawab tuntutane para pegawe yaiku mbayar duwit PHK lan ora nambah pegawe kontrakan anyar nanging ngucali pegawe lawas.”
“Aku ora yakin. Kowe ngerti nasibe pegawe biyen sing diPHK kae? Ora ana sing kasil nuntut tekan pengadilan.”
“Kowe ora duwe solidaritas karo kanca yen ora melu.”
“Terserah kowe omong apa.”
“Kowe apa urip dhewe po piye? Dijak demo wae wegah?” Parman nesu.
Paijo tetep ora nggabres sinambi mangan gedhang goreng sing anget.
“Ben ditokne wae. Sokben yen mati ben ngglundung dewe kana!” saka judege Parman lan Wardog akhire metu saka warung.
Paijo ora preduli karo caturane Wardog. Alasane ngopo kok wegah melu demo kasunyatane wis isa ditebak. Wiwit mulane demo ana ngarep pabrik utawa demo ana gedung DPR, pabrik wangsulane tetep ora dhuwe duwit kanggo mbayar pesangon pegawe. Terus pegawe nuntut teka pengadilan. Neng pengadilan padha wae ora ana kaceke nganti para pekerja entek duwite patungan nyewa pengacara. Mesti bae para pegawe kalah modal yen pabrik munggah banding maneh. Nanging sing paling nganyelke, yaiku pabrik terus nambah pekerja kontrakan anyar ana mburi. Lan sakjane yen gelem ngakoni, kahanan iki jamak dialami para buruh pabrik Indonesia sing kayata ora ana ajine. Muga-muga ora akeh buruh sing nasibe padha dheweke.
“Wis Yu, kabeh dietung dhisik.”
“Sepuluh ewu Mas.”
“Dicatet sik. Yen wis gajian tak bayar.”
“Lha napa durung bayaran Mas? Lagi wae kliwat tanggal siji to?”
“Sing tak karepke ngenteni bayaran sasi ngarep,” semaure Paijo banjur lunga saka warung ora preduli karo gerundelane Yu Parmi, bakule warung.

Leave a Reply

Fill in your details below or click an icon to log in:

WordPress.com Logo

You are commenting using your WordPress.com account. Log Out /  Change )

Facebook photo

You are commenting using your Facebook account. Log Out /  Change )

Connecting to %s