Tuna Sathak Bathi Sanak

Saiki Solo tambah ‘syumuk’, luwih sumuk tinimbang taun winginane. Biyen aku ngomah ana ing celak bon raja Sriwedari, pase neng mburi Sriwedari, yaiku kampung Kebonan. Lagi telung tahun wingi aku pindah Karanganyar jalaran melu bojo. Saiki aku wis dadi ‘Mahmud’ alias Mamah muda. Anakku  lanang siji, umure lagi setahun. Mulane kuwi yen nginep sewengi ana Solo, anakku gampang banget rewel. Jalarane ya kuwi, Solo saiki sansaya gerah lan kemranyas hawane.

Pancen sumuke Solo saiki wis kaya Jakarta wae. Mula sebabe uga padha, akeh bangunan dhuwur sing dibangun, penghijauan kota tambah suda lahane, malah sing tambah ngrembaka hotel-hotel modern sing sajakke minim lan kurang nggatekne lanskap ijo, alias green land ngono kae.

Mulane kuwi, Mamah sing isih betah neng Solo, tak bujuk-bujuki pindah wae neng Karanganyar. Omah Solo didol. Payune mesti dhuwur. Mamah uga sambat. Pajak PBB wae nganti 2 yuta. Padahal Mamah kuwi dudu pensiunan tur wis ora cekel gawe. Mung ngandalke saka usaha kos-kosan. Sansaya suwe ragat urip neng Solo ya tambah akeh. Lha wong mburi Sriwedari termasuk kampung ana tengah kutha.

“Yen rega omah karo lemah neng RT sisih wetane dhewe, sing jembare padha omahe dhewe iki, wingi payu 1 milyar, Ri.”

“Rata-rata semono payune, Mah. Lumayan yen diijolke neng Karanganyar wis entuk pekarangan sing amba. Turahane iso kanggo usaha.”

“Nanging omah iki warisan utawa dadi pusakane kluwarga, minangka kang akeh kenangane. Babagan kaya ngono kuwi sing ora isa diijolne Ri. Isih Mamah pikir-pikir.”

Aku yo ora selak yen babagan kuwi mau. Pancen omah iki dadi warisan turun temurun. Aku lan sedulur telu lair ning kene. Nanging kabeh sedulurku saiki malah wis ora ana sing urip neng Solo.

“Tak rasa-rasa sansaya suwe ajine lemah kuwi ora ana. Pancen /saiki/ regane dadi luwih larang. Nanging kasunyatan dhuwit semono kuwi dadi ra temanja, mulane saiki dadi akeh uwong ora isa tuku lemah maneh. Terus, saiki sing duwe pekarangan ana pinggir dalan-dalan gedhe kuwi kabeh piyayi sugih. Ya mung sayange, siji karo sijne ora kenal. Jaman cilikanku mbiyen, kahanane durung kaya ngono. Saperangan ana Jawa, Cina, lan Arab, nanging isih padha kenal siji karo liyane. Ya ra ketang mung kenal jeneng, utawa yen pas ana acara apa ngono sok dum-dum panganan. Biyen mburi omah kuwi ana Cina sing njaluk dalan neng kose Mamah jalaran geger tahun 1998 kae. Amarga mesakne ya tak wenehi dalan. Nanging saiki, sing neng manggon kono sapa, Mamah wis ora paham.

“Sakiwa tengen omahe Mamah iki aku wis ora paham siji-sijiya. Kabeh pendatang. Tur wong-wongane sajak sugih kabeh. Mobile wae apik-apik. Keluaran tahun anyar kabeh. Kok kaya neng luwar negeri.”

Akhire kluwarga padha rembugan babagan adol omah iki. Supaya ana sing nuwani, Mamah kudu nyeluk lan njaluk pertimbangan Pakdhe Sugeng. Pakdhe salah sijining abdi dhalem sing duwe omah ana Baluwarti. Senajan omahe kuwi dudu dhuwekke nanging magersari karo kerabat kraton Solo sing nduwe tanah pekarangan amba. Saben dinane Pakdhe ngrumat barang-barang sing ana njero daleme piyayi kraton kuwi. Apa maneh, saiki Radene kuwi padha urip neng Singapura. Neng kana bisnis batik. Amarga batik wis kondang tekan ngendi-ngendi papan sadonya.

Pakdhe tindak nitih GoCar. Saka Baluwarti tekan Sriwedari mbayare mung rong puluh ewu. Saiki Pakdhe wegah motoran dhewe. Dalan biayasane rame lan sering banget macet, saya meneh yen pas barengi mulih karo mangkate bocah sekolah utawa wong-wong glidig. Saiki, pancen cah sekolah karo wong glidig, wayah mangkat mulihe bareng.

Pakdhe kuwi piyayine prasojo banget. Katon uripe ora neka-neka. Gaweyan abdi dalem wis dilakoni patang puluh tahun punjul. Sambene mung toko pracangan ana Baluwarti sing diopeni bojone.  Yen ditakoni ngapa kok Pakdhe awake katon ethes lan seger waras? Wangsulane Pakdhe, amarga pakdhe seneng nglakoni pasa senen-kemis.

“Yen kanggo wong nyusoni kaya kowe Ri, apike kudu akeh mangan kuluban. Luwih becik maneh yen gelem ngombe jamu gendhong ben ASI-ne seger. Ning yen asine kurang, iso nrancam utawa nggadho godhong katuk. Wis ngerti durung godhong katuk kuwi?”

“Menawi godhonge nggih dereng Pakdhe. Nanging sakniki kathah ekstrak godhong katuk wonten apotik.”

“Wo, pancen jamane saiki sarwa instan ya. Kabeh isa diekstrak. Gek-gek, babagan katresnan kuwi sokmben isa diekstrak ya?”

“Haha…Pakdhe kuwi ana-ana wae,” semaure Mamah.

“Oya, kabare mbak Nik piye, Mas? Terakhir ketemu kae, wis setengah tahun iki.”

“Ya, biasa wae. Saiki jarang lunga utawa metu-metu ngono. Pilih mligi dodolan. Wis tuwo awak tambah sulaya yen dijak lunga-lunga.”

Terus sabanjure Mamah karo Pakdhe ngrembug rencana adol lemah sing ana papan kose Mamah. Mamah njlentrehke alesane arep adol lemah. Sepisan, jalaran saiki ora gampang ngelola usaha kost. Ragat nggo perawatan tambah akeh. Padahal kost-kostan pancen kanggo kalangan memengah ke bawah. Dadi kadang malah tombok yen kanggo biaya perawatan.

“Kepenginku didol sebagian lemah karo bangunane. Ben pajak PBB ora akeh. Terus isa buka usaha ana Karanganyar kana. Jarene Tari, lemah ana Karanganyar rada murah. Apa maneh yen gelem neng pinggiran. Iso dinggo usaha ternak. Mengko ben bojone Tari sing ngopeni.”

“Lha apa gelem bojomu, Ri? Duwe gaweyan dhewe to?”

“Nggih mangke kula tangletne Pakdhe. Biasanipun tiyang dusun niku saged kok digadhohi wedhus utawa sapi. Mangke menawi kasil saged didum paron.”

“Ya kuwi mas. Yen dak etung lemah karo bangunan separo kost sing arep tak dol iki, ajine ana yen setengah milyar. Mengko sepertelon biaya dinggo ngrehab lan perawatan kost liyane. Sepertelon dinggo modal usaha ternak ana Karanganyar, sing sepertelon sisane isa dinggo mangan.”

“Yen kuwi karepmu ya terserah. Nanging tak jaluk yen entuk pembeli kuwi piyayi sing genah. Tegese, wonge ya apik, dudu wong bermasalah. Syukur entuk wong sing alim babagan agamane.”

“Tak usahaake Mas.”

“Uga luwih becik menawa ditawakne dhisik marang sedulur dhewe, umpama ana sing pengin nuku. Tuna sathak bathi sanak. Sing digoleki paseduluran, nora mung/ duwite thok. Insya Alloh, tembe mburine tangga teparo rukun, gotong royong ora luntur karo jaman.”

Mamah akhire mantep arep ngedol sebagian pekarangan kost-kostan. Mumpung sebagian kost sing ana sisih kulon kuwi lagi kosong. Amarga yen ngrehab biayane ya ra sithik. Tur Mamah wis ora duwe celengan maneh. Yen arep utang bank, sansaya malah ora wani. Sumelange gek mengko ora bisa mbalekne.

Tenan wae, telung dina terus Mamah ngabari yen ana pembeli. Sakdurunge kuwi wis ditawak-tawakne marang dhulur lan tangga cedhak. Nanging kabeh ora minat. Amarga ora duwe dhuwit.

“Terus pripun, Mah?”

“Wanine mung patang atus . Ora tak culne.”

Sesuke ana maneh priyayi sing wani rega limang atus. Nanging Mamah radha was-was.

“Kepriben mboten siyos, Mah? Niku wani limang atus.”

“Aku entuk info, asline wong kuwi makelar. Aku kepengin nggolek sing pancen butuh wae.”

Aku paham karepe Mamah. Adol lemah kuwi abot. Kepengine entuk uwong sing apik, ben bathi sedulur.

“Mau ya ana meneh wong rene. Dudu makelar. Nanging aku ngerti yen kuwi jongos China ana pasar Klewer kono. Ngakune nukokne anakke. Mamah ora seneng karo wong ngapusi. Sakjane aku iki ora alergi karo China utawa Arab, nanging sing penting genah urusane. Lha iki, neng arep wae wani goroh!”

Setengah sasi wis kliwat nanging sansaya Mamah kok malah sulaya urusan lemah kuwi. Tutuge rembug, kabeh dilumpukne. Ana Pakdhe, lan sedulur-sedulurku telu. Mamah wis ngeki keputusan. Lemah ora sida didol. Wis saiki dihibahke utawa marang anak-anakke.

“Mamah wis pengin leren. Saiki usaha kos kuwi rembugen bareng-bareng. Iso ta cah telu kerjasama dirembug sing apik. Terus bathine didum bareng. ‘Mudharabah’ utawa bagi hasil ngono kae.”

Aku mathuk wae. Sedulur-sedulurku liyane uga mangkono.

“Alhamdulillah, Mamah seneng yen kowe kabeh isa sarujuk. Babagan adol lemah kuwi gampang yen mung golek dhuwit. Nanging ngono ya aja ngono. Lemah kuwi pusaka. Aja seneng adol pusaka yen ora kepepet utawa sebab liyane. Luwih becik diwariske utawa diwenehne marang anak-anake. Saiki Mamah wis tuwa, Mamah tak njaluk cadhong wae saka anak-anakku. Rak ora ngrepoti ta le?”

Mas Parjo sing mbarep mangsuli. “Mboten Mah. Malah wajibe putra-putrane ngopeni Mamah. Sakjane kula ki yo arep njaluk Mamah urip kaleh kula wonten Salatiga kono. Nanging wedi Mamah dhuka.”

“Aku tetep neng Sriwedari wae, Le. Uripku ana kene. Alhamdulillah, sing penting kabeh padha rukun lan gelem ngopeni Mamah.”

Alhamdulillah, urusan dol tinuku lemah ora sida. Nanging hikmahe kabeh sedulur padha ngumpul. Kabeh padha pengin cedhak lan ngopeni Mamah bebarengan.

 

gambar dari pixabay

 

2 thoughts on “Tuna Sathak Bathi Sanak

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *